Narima: Mulo sing sregep klesotan nang jogan, dlosoran ben ngerti koyo ngopo abote urip iki

oleh

KASUGIHAN lan kamlaratan, saking aluse sakarsaning Allah, satemene padha wae. Tandhane: manungsa mung nganggo sacukupe, susah padha susah, bungah padha bungah, lara padha lara, mati padha mati, endi sing aran beda: ora ana, sing angel iku wong golek panarimaning ati apa satibaning cithakane, sok mangkonoa becik wong nrima.

Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yen ta nganti kleru ing panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima lire ora ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu ateges lumuh ing gawe suthik ikhtiyar. Awit yen mangkono ora jeneng narima maneh anaging keset. Watake wong keset iku mung gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing wirang, siningkirake saka jagading bebrayan.

Bathine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah-laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinging Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni kang arane pandum.

Yen umpomo ayem iku mung biso di tuku karo akehe bondho ndahno rekasane dadi wong sing ora nduwe, untunge ayem iso di nduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang Gusti Allah.

Tentang Penulis: Mas Hadi

Gambar Gravatar
Catatan harian perjalanan, pekerjaan, inspirasi dan semuanya. Juga tentang cinta. Selamat menikmati

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *